1. Memangun resep teyasing sasomo (kita selalu membuat senang hati orang lain.2. Jroning suko kudu eling lan waspodo (didalam suasana riang kita harus tetap waspada).3. Laksitaning subroto tan nyipto marang pringgo bayaning lampah (dalam perjalanan utk mencapai cita2 luhur kita tidak perduli dengan segala bentuk rintangan).4. Meper hardaning pancadriya (kita harus selalu menekan gelora hawa nafsu).5. heneng-hening-henung (dlm keadaan diam kita akan memperoleh keheningan dan dalam keheningan itulah kita akan mencapai cita2 luhur).6. Mulyo guno panca waktu (suatu kebahagiaan lahir bathin hanya bisa kita capai dengan sholat 5 waktu) 7. Menehono teken marang wong kang wuto, menehono mangan marang wong kang luwe, menehono busono marang wong kang wudo, menehono ngiyup marang wong kang kedanan (berilah ilmu agar org menjadi pintar, sejahterakanlah kehidupan masyarakat yg miskin, ajarilah kesusilaan pd org tdk punya malu, serta beri perlindungan org yg menderita).

Selasa, 09 Agustus 2011

E..XXXCORN2

Urip donyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine
Mung ngamal becik sanguine
Sowanmu mring pangeranmu
Sopo kang dadi kancamu
Sarto opo gegawanmu
Kang nylametake mring awakmu
Kulo sowan maring pangeran
Kulo ijen tanpo rowang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondo kulo katilaran
Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal mboten betah
Senajan bebondo-bondo
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis ngurug banjur lungo
Yen urip tan kabeneran
Bondo kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake podo keleleran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar